Tema : Kekancan, Salah Pangerten
Judul : Gara-gara Ipad
BABAK 1
Di
Pondok Pesantren ,Alwa, Kalfin, Nurul, lan Sofia lagi ngerungoake Bu Nadiyah
sing lagi mulang pelajaran metematika…
Bu Nadiyah : “Assalamualaikumbocah-bocah, dina iki Ibu
arep mulang pelajaran matematika.”
Murid-Murid : “Inggih Bu…”
Bu Nadiyah : “Ibu arep nerangake Bab Penjumlahan. Coba 5+6= … ayo sapa
sing iso ?’
Kalfin : “Kula bu!”
Bu Nadiyah : “Iyo, ayo Kalfin piro jawabane?”
Kalfin : “ 5+6=56 Bu … “
Bu Nadiyah : “ Duduk ngono,
5+6 iku sama dengan 11. Podo wae kaya ana 5 apel ditambah 6 apel sama dengan 11
apel, ngerti ora ?”
Murid-Murid : “Ngerti Bu …”
Ing
pertengahan pelajaran ana arek ngetok-ngetok lawang.
Rahma : “Assalamualaikum.”
Bu Nadiyah : “Waalaikumsalam.”
Rahma : “Kula niki murid anyar pindahan saka Jakarta, lan kula
mlebu kelas niki, Bu.”
Bu Nadiyah : “Oo ngono, saiki coba kenalno awakmu nang kanca-kancamu.”
Rahma : “Nami kula Nofia Rahmawati bisa diceluk Rahma,
kula pindahan saka sekolah ing Jakarta.”
Bu Nadiyah : “Yowes cekap perkenalane, saiki awakmu lungguh ing sebelahe Nurul.”
Rahma : “Inggih, Bu …”
BABAK 2
Ing
wayah ngaso murid-murid lagi padha dolanan. Alwa, Kalfin, Nurul, lan Sofia lagi
ngobrol ing njero kelas.
Sofia : “Rek, ayo mengko mulih sekolah dolanan
nang omahku. Aku duwe dakonan anyar lho.”
Alwa :
“Ayo-ayo! Aku yo duwe bekel anyar.”
Kalfin : “Iyo, ayo budal saiki.”
Sofia : “He he. Ngawur ae iki during wayahe moleh.”
Kalfin : “Oh iyoyo ..”
Tiba-tiba
Nurul lan Rahma teko …
Nurul : “Rek, wis kenalan karo Rahma durung ?’
Alwa :
“Oh iyo, aku Alwa, iki Kalfin, sing iki Sofia.”
Kalfin lan Sofia : “Halo!”
Rahma : “Hai juga!”
Sofia : “Mulih sekolah Alwa lan Kalfin arep dolan nang omahku,
awakmu lan Nurul gelem melok opo ora ?”
Nurul : “Iyo-iyo aku melok”
Rahma : “Arepe dolanan apa?”
Alwa : “Dolanan
dakon lan bekel.”
Rahma : “Hah ? Dolan dakon lan bekel ? Opo isih usum ?”
Nurul : “emange dolanan opo sing lagi usum ?”
Rahma : “Yo Ipad lah …”
Alwa,Nurul : “Ipad ?”
lan Sofia
Nurul : “Panganan opo iku ?”
Kalfin : “Ipad iku dudu panganan tapi dolanan canggih iku lho.”
Rahma : “Katrok, ndeso. Jaman saiki ora eroh Ipad. Sapa sing
gelem dolan Ipad karo aku ?”
Nurul : “Aku-aku. Aku pingin iso dolan Ipad.”
Rahma : “Ayo mengko nang omahku.”
BABAK 3
Sesuke
ing sekolah wayah ngaso arek-arek kelas 9E padha ngobrol bareng. Tiba-tiba Rahma
bengak-bengok.
Rahma : “IPADKUUU!!!!”
Sofia : “Haduh … ono opo se ? kok sampek teriak-teriak ngono.”
Rahma : “Ipad ku ilang!”
Kalfin : “ciyus ?”
Alwa :
“Enelan ?”
Sofia : “Miapa ?”
Nurul : “Sumpaon ?”
Rahma : “Maeng ana nang tas tapi saiki ora ana?”
Nurul : “Lho maeng kok dekek endi?”
Rahma : “Maeng
sakdurunge pelajaran olahraga tak dekek ndek tas .Pasti awakmu yo seng nyolong. (nuding Nurul) awakmu maeng lak
terakhir nyilih ta. “
Kalfin : “Aja nuduh sembarangan ma!”
Rahma : “Lha terus sapa ? Awakmu, utawa awakmu, ah awakmu kan?
“
Alwa, Kalfin, : “Dudu aku!”
lan Sofia
Rahma : “Lek dudu awakmu, awakmu, awakmu. Yo awakmu kabeh lak
ora duwe Ipad.”
Tiba-tiba
Bu Nadiyah sing ngrungokake keributan teka kanggo misahno murid-murid.
Bu Nadiyah : “Wis wis wis.”
Rahma : “Tapi Ipad kula Bu …”
Bu Nadiyah : “Ipad mu ora ilang, tapi ibu pundhut. Ing sekolah iki ana aturan ora oleh nggawa barang elektronik,
Rahma.”
Sofia : “Lho kan , aja nuduh sembarangan. Dudu awake dewe
sing njupuk.”
Kalfin : “Masio awake dewe ora tau main Ipad. Tapi awake dewe
ora tau njupuk barang sing dudu hak kami.”
Rahma : “Sepurane yo. Aku nuduh kalian sembarangan.”
Nurul : “Iyo gak popo tapi aja nuduh sembarangan maneh.”
Alwa :
“Lan ojo pamer-pamer lagi yo.”
Rahma : “Iya, tapi awake dewe kanca kan?”
Alwa, Kalfin, : “Iya,kanca.”
Nurul, lan Sofia
Bu Nadiyah : “Wis wis, cukup njaluk sepurane ,saiki ayo mlebu kelas.”
Akhire
Rahma, Alwa, Kalfin, Nurul, lan Sofia dadi kanca sing ora tau tukar padu maneh.
-MARI-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar